Contoh Teks/Naskah Pawartos Basa Jawa "Frekuensi Jeblug Gunung Merapi Mboten Gampil Dipun Ramal"

Frekuensi Jeblug Gunung Merapi
Mboten Gampil Dipun Ramal


Sugeng Enjang, Kepanggih malih kalian kula Aushaf Fahri, Women Ing BMW news... Warto Ing genjang menika inggih punika “Pengunjung Kebun Binatang Gembiro Loko Mindak”
Kepala Balai Penyelidikan dan Pengembangan Teknologi Kebencanaan (BPPTKG) Yogyakarta Subandriyo ngandika bilih Gunung Merapi njeblug mboten saget dipun ramal. Alesanipun mboten namung saking kawontenan Merapi piyambak ananging amarga winatesipun teknologi kangge mratelaaken ingkang Kirang mumpuni .

Yen dipun bandhingaken Kaliyan Jepang, ingkang saget migunaaken tiltmeter, alat ingkang  saget ngukur ewah-ewahan bentuk gunung, ing pusat magma. Piyambakipun bangso Jepang sampun saget mbangun tunnel kangge masang tiltmeter ing satengah aktivitas magma. Sahinggo kadadosan gejala magma saget kapundut kanti luwih rinci. Nanging betahaken puluhan milyar kanggenipun, kita dereng saget nyembadani," pangandikapun Subandriyo.

Nalika Merapi, BPPTKG taksih kangelan kangge maringaken alat deteksi ing pusat gunung. Alat namung dipasang ing plataran Gunung. "Wonten mriku taksih katah gangguan, lan hasilipun dereng saget rinci kados ing Jepang. Awit saking meniko taksih kangelan kanggo mratelaaken Merapi jebluk," miturut panggandikanipun.

Wonten saat meniko, kawontenan Merapi taksih normal. Mboten wonten kegiatan vulkanik. Subandriyo ugi ngandika bilih dereng wonten pratondo minongko wontenipun jeblugan magma ingkang ageng.

Sinau babagan jeblugan ing taun 1872, ingkang nggadahi ciri-ciri ingkang sami kaliyan jeblugan 2010, mbetahaaken wekdal kirang langkung 16 taun  kangge wontenipun jeblukan ingkang ageng candakipun. "Nanging ugi boten njamin menawi jeblugan candakipun 16 taun malih," pangandikapun. Saklaminipun wekdal sanes, biasanipun wonten jeblukan sanes ingkang mboten saget dadosaken magma enggal.


Mekaten Pawartos menika, Maturnuwun, Sugeng Enjang

Komentar