Contoh Pawartos Basa Jawa "Gembira Loka"

Pengunjung Kebun Binatang Gembiro Lo  ko Mindak
Sakdangunipun satunggal minggu preinan Riyadin 1435 (setunggal ewu sekawan atus tigang ndasa gangsal) Hijriyah, Gembiro Loko Ngayogyokarto dipundugeni langkung saking atusan ewu  wisatawan. Dipunbandingaken kaliyan taun kepungkur, pengunjung taun sakmenika mindak kaping kalihipun.

Direktur Utomo Kebun Binatang Gembiro Loko KMTA Tirtodiprojo ngendika, saking atusan ewu tiyang menika, 70 (pitung dasa) persenipun inggih menika saking keluargo pemudik. Minggahipun kathahipun pengunjung, miturut KMTA Tirtodiprojo menika amargi papanipun menika sampun dipuntata, kejawi koleksinipun ingkang langkung kathah. Sanesipun, satwa penguin Jackass dados tontonan ingkang paling sae wonten ing wayah preinan riyadin taun sakmenika. Rekaman (19)
Gembira Loko siap ndugekaken satwa-satwa unik sanesipun saking mapinten-pinten negari sedanya, sahingga masyarakat saged preinan wonten ing papan menika, sekaliyan mangertosi kalih sinau ngengingi satwa ingkang wonten ing danya menika.(31)s

Ngendikanipun KMTA Tirtodiprojo utawi ingkang asring dipuntimbali Joko Tirtono menika, tekadipun menika sami kaliyan visi-misi ngadegipun kebun binatang menika, inggih menika ndadosaken papan menika mboten namung dados papan rekreasi, amargi ugi dados lembaga konservasi kaliyan paru-paru kota  Ngayogyakarto. Langkung-langkung (bahkan), papan menika yaiku papan ingkang nyimpen piranti-piranti flora kaliyan fauna ingkang dados sumber pendidikan. Rekaman (20)


Sedaya pengunjung sakdangunipun satunggal minggu preinan riyadin menika sampun dipuncatet langkung saking 145 (setunggal atus sekawan dasa gangsal) ewu tiyang, menawi dipuntambah kunjungan dinten Senin tanggal sekawan kepungkur menika wonten wolung ewu tiyang, saged langkung saking 153 (setunggal atus seket tiga) ewu tiyang ingkang ndugeni kebun binatang Gembiro Loko menika. (31)

Komentar