Contoh Geguritan Basa Jawa : "Korupsi"

Korupsi
Dening Kharisma L. W.

Abang putih kajunjung duwur ing langit pratiwi.
Wujud getih lan balung para pejuang.
Apa kowe isih eling?
Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal.
Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan.
                Saiki apa?
                Kowe ngapusi, kowe korupsi.
                Cangkemmu amba kebak arta.
Raimu gedhek, ora duwe isin.
                Dijak rembug malah kepara angler.
Rakyatmu kuru, kowe lemu.
Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat.
Sing makmur sapa?
Kowe lan kanca-kancamu.
Sing tumindak ala marang rakyatmu.
Mula, ayo brantas korupsi.
Ayo padha gumregah.
Mbangun bangsa Indonesia kang sumringah.
Bangsa kang apik ing budi lan tutur.

Bangsa kang sejahtera lan makmur.

Komentar

  1. mantabs contoh geguritannya ijin copas ya......
    kunjung bali ya bos
    http://geguritan.com/

    BalasHapus
  2. bagus geguritannya, ijin kopas, simak juga kumpulan

    http://geguritan.com/2016/03/14/geguritan-kidung-sengkuni/

    BalasHapus
  3. King casino | VieCasino
    King casino. King casino is an online casino providing online gaming ラッキーニッキー for online casino. They include some of the most prominent names 12bet in the business ‎Free Spins · ‎Live Casino · vua nhà cái ‎Live Casino

    BalasHapus

Posting Komentar