BUDIDAYA LAN KAUNGGULAN PADI ORGANIK METODE SRI (System of Rice Intensification) (Versi Basa Jawa)

BUDIDAYA LAN KAUNGGULAN PADI ORGANIK METODE SRI 
(System of Rice Intensification)


Abstrak
Budidaya pari organik metode SRI ngutamakake potensi lokal lan disebut “pertanian ramah lingkungan, bisa menehi asil kang luwih okeh menawa dibandhingake karo metode konvensionalyang lebih tinggi dibandingkan dengan metode konvensional.

SRI dikembangkan ana ing  Madagaskar ing 1980. SRI uga diuji ing negara-negara Asia. Ing Indonesia, SRI uga uwis dicoba lan ditrapake ing Jawa, Sumatera, Bali, Nusa Tenggara Barat, Kalimantan, Sulawesi lan Papua. 



1. Inovasi metode SRI
SRI, teknik budidaya padi kang bisa ngundhakake produktifitas pari kanthi cara
ngowahi pangolahe  tanduran,  lemah, banyu lan unsur hara. Uwis kasil ngundhakake produktifitas pari 50%, malah, ana ing sajroning panggonan bisa luwih saka 100%. Cara iki ndhisik dhewe ditemokake Fr. Henri de Laulanie, SJ,ana ing Madagaskar taun 1983, sing wis luwih saka 30 taun urip karo petani ing kana. Metododologi iki dijenengi  Ie Systme de Riziculture Intensive (basa Prancis) disingkat SRI. Kondhang uga ing basa Inggris kanthi jeneng System of Rice Intensification disingkat SRI.

Taun 1990 Association Tefy Saina (ATS) wiwit ngenalake SRI. 4 taun sabanjure, Tefy Saina wiwit makarya bebarengan karo Cornell International Institution for Food, Agriculture and Development (CIIFAD), kanggo ngenalake SRI ing sekitar Madagaskar, disengkuyung dening US Agency for International Development. SRI wis dicoba ing negara Cina, India, Indonesia, Filipina, Sri Langka, lan Bangladesh, kanthi asil kang maremake. Norman Uphoff (Director CIIFAD), ngupayakake supaya SRI bisa kondhang, kanthi cara nganakake  presentasi SRI ing  Indonesia taun 1987, kang lagi sepisan kuwi SRI dianakake ing jaban Madagaskar.

Asile panen metode SRI  pancen maremake banget. Ing Madagaskar, ing lemah ora subur kang bisa ngasilake 2 ton/ha, kadang tani kang nggunakake SRI bisa ngasilake luwih saka 8 ton/ha. Metode SRI ngasilake panen paling sethithik tikel loro saka metode konvensional. 


2. Penerapan gagasan SRI berdasarkan pada 6 komponen penting :
        a. Transplantasi winih kang enom, 
        b. Winih ditandur sebatang, 
        c. Selaning tanduran jebar, 
        d. Kahanane lemah lembab (irigasi), 
        e. Nganakake pendangiran, 
        f. Nganggo bahan organik (kompos). 


3. Prinsip-prinsip budidaya pari organik metode SRI
       a. Umure winih Tanduran kurang saka 12 hari sakwise disemai (nalika godhonge winih mung 2)
       b. Winih namung 1 saben bolongan kanthi jarak 30 x 30, 35 x 35 utawa luwih amba
       c. Anggone nandur kudu cepet,  (kurang saka 30 menit) lan kudu ngati-ati supaya oyote ora pedhot
     d. Anggone ngenei banyu paling okeh (dhuwur) 2 cm lan  ana wektu sawahe digaringake nganti pecah (Irigasi berselang/terputus)
      e. Penyiangan saka ngarep sekitar 10 dina lan dibaleni kaping  2-30 kanthi jarak 10 dina
       f. Nganggo rabuk alami (kompos utawa rabuk ijo)


4. Teknik Budidaya Padi Organik metode SRI
a) Persiapan benih
Sakdurunge disemai, winih diuji ing banyu uyah. Larutan banyu uyah kang cukup kanggo nguji winih yaiku  larutan kang bisa ngapungake endhog. Winih kang apik yaiku winih kang ora kemambang ing larutan iku. Banjur, winih kang wis diuji dikum ing banyu biasa udakara 24 jam, banjur diperam 2 dina , banjur  disemai ing media lemah  lan rabuk organik (1:1) ing wadah segi empat ukuran 20 x 20 cm udakara 7 dina. Sawise umur 7-10 hari winih wis siap ditandur.

b) Pangolahe Lemah
Lemah kanggo tanduran metode SRI ora beda karo cara pangolahan
Lemah kanggo nandur pari cara konvesional. Yaiku supaya lemahe bisa luwih apik kanggo tanduran, ora diganggu gulma. Pangolahe lemah iku 2 minggu sadurunge tandur, migunakake traktor tangan. Lemahe banjur diratake supaya lemahe awujud ler-leran. 

c)  Carane Ngrabuk
Rabuk kanggo SRI duwe ancas kanggo mbalekake lemah kang asli lan tambahan unsure hara kang mudhun sawise panen. Rabuk organic kang dibutuhake kanggo  tetanen cara konvensional yaiku 10 ton per hektar lan terus diwenehake sak suwene 2 musim tanam. Sawise iku, tanduran bisa diwenwhi rabuk organic sacukupe. Rabuk organik diwenehake ing pangolahe lemah kapindho, supaya ra buk bisa nyampur karo lemah. 

d) Pemeliharaan
Sistem tandur metode SRI ora mbutuhake lemah sing kakehan banyu, cukup lemah teles wae. Wektu pari umur 1-10 sabubare tandur, banyune ing sawah kira-kira dhuwure 1cm. Banjur nalika  umur 10 dina, lagek diwatun/matun. Sawise diwatun, tandure ora kena dilebi banyu. Ing wektu tetanduran kembang lan tetanduran digenang lan sawise masak beras tanduran kala wau ora digenang tekan panen. Kanggo nyegah omo lan penyakit ing Sri ora nganggo bahan kimia, nanging nganggo pencengahan lan menawi ana omo / penyakit sayur-sayuran lan pestisida nabati nggunakake utawa digunakake fisik lan mekanik control



5. Cara budidaya pari migunakake metode SRI :
  1) Pangolahe lemah
    • Luku + glebek + garu
    • bahan organik (mentah, terdekomposisi)
    • Dekomposer
    • Parit keliling (kali cilik) kang jeone  40 cm lan ambane 40 cm
2) Persemaian
  • Cara kering sawah/darat ngisor wadah dilapisi plastic utawa godhong gedhang supaya oyote ora tembus ing lemah.
   • Media (lemah + bahan organik) kanthi perbandingan 1 : 1
   • Sadurunge winih disemai, winih diuji nganggo banyu uyah

3) Cara tandur/ Jarak tandur
   • Tandure mung 1 bibit/tunggal pendhak bolongan
   • Jarak tanam 25 x 25 cm, 30 x 30 cm, 40 x 40 cm (kanggo gawe jarak tanam migunaake caplak)

4) Pengelolaan Air 
  • Ing fase vegetatif air macak – macak/ kapasitas lapang, kajaba wektu penyiangan dilakokkake penggenangan ( 2 – 3 cm) 
   • Ing umur 45 dino apik e di keringake 10 dino, kanggo menghambat pertumbuhan anakan
   • Terus air di keki meneh secara secara macak – macak kembali sampai pertumbuhan mulai,

5) Penyiangan
  • Penyiangan dilakukake dengan selang waktu 10 dino sapisan tekan 4 kali penyiangan (alate gosrok, utawa manual)
   • lan pendaki rampung penyiangan disemprot nganggo POC/MOL


6. Hasil penerapan gagasan SRI di lokasi penelitian (Kabupaten Garut dan Ciamis), menunjukkan bahwa :
  a. Budidaya padi model SRI saget ningkatake hasil dibanding budidaya wantun model konvensional, 
  b. Ningkatake pendapatan, 
  c. kadaden efisiensi produksi dan efisiensi usahatani secara finansial, 
  d. Pangsa harga pasar produk lebih duwur sebagai beras organik. 

7. Keunggulan metode SRI
  a. Tanaman ngirit banyu, Saka masa tandur tekan panen, banyu mung udakara 2 cm dhuwure.
  b. Ngirit dhuwit, mung butuh winih 5 kg/ha. 
  c. Ngirit wektu, 
  d. Produksi mundhak, di bisa tekan 10 ton/ha
  e. Ramah lingkungan, amarga nganggo rabuk alami, ora migunakake rabuk kimia lan pestisida


8. KESIMPULAN
Metode SRI nguntungake  para kadang tani, amarga produksine bisa mundhak 10 ton/ha, saliyane iku, amarga ora migunakake rabuk kimia lan pestisida, lemah dadi gembur, subur lan ramah lingkungan. Untuk mempercepat penyebaran metode SRI perlu dukungan dengan kebijakan pemerintah pusat maupun daerah.

Komentar

  1. CASINOS & CASINO TRADER-IN-ASM - JM Hub
    CASINOS 목포 출장마사지 & CASINO TRADER-IN-ASM. 의왕 출장샵 CASINOS 하남 출장안마 & CASINO 김해 출장안마 TRADER-IN-ASM. CASINOS & CASINO TRADER-IN-ASM. 인천광역 출장안마 CASINO TRADER-IN-ASM. CASINO TRADER-IN-ASM.

    BalasHapus

Posting Komentar